Script

Rabu, 21 November 2012

Contoh Pidhato Berbahasa Jawa

"Tuladha Tanggap Wacana Dinten Proklamasi Kamardikan Republik Indonesia

         
           Bismillahirrohmanirrohim
           Assalamu'alaikum Wr. Wb.
     Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah, ingkang kinurmatan ugi Bapak / Ibu guru sarta para karyawan, saha rencang-rencang ingkang kula tresnani.
          Langkung rumiyin sumangga kula panjenengan sedaya samiho ngaturaken raos puji syukur dhateng ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring rahmat, taufik, saha hidayah dhateng kita sahingga wonten ing majeis punika, kangge mengeti dinten ulang tahun prolamasi Kamardikaan Republik Indonesia ingkang kaping 67 mboten wonten alangan punapa-punapa.
          Para rawuh ingkang kula hormati,
       Menawi kita ngemut-ngemut sejarah bangsa Indonesia sakderengipun merdeka, menika pinten-pinten tahun dipun jajah ngantos rakyat Indonesia gesang wonten ing cengkraman kaum penjajah. Rakyat Indonesia mboten anggadahi kebebasan, ditindas, lan dianiaya dening bangsa asing. Ananging kanthi semangat perjuanganipun  para pahlawan lan pejuang ingkang giat lan gigih, wani, lan pantang mundur. Para pejuang kita saged ngalahaken kaum penjajah sahingga tepat tanggal 17 Agustus 1945, bangsa Indonesia mproklamasike dinten Kamardikan Indonesia. Pramilo kita kedah bersyukur amargi kamardikan menika. Supados negeri kita Indonesia tansah dipun paringi aman, damai, gemah ripah loh jinawi, tata tentrem kerta raharja, lan adil makmur.
          Para rawuh ingkang kula hormati,
          kejawi saking menika, kita ugi kedah matur nuwun dumateng para pahlawan lan pejuang ingkang sampun jerih payah, rela ngorbanaken jiwa raga, harta benda kangge ngrebut kamardikan menika. Kita generasi penerus pewaris kamardikan pramilo kita wajib nerusaken perjuangan para pejuang ingkang rumiyin, saha nguri-uri lan ngisi Kamardikan Negeri Indonesia menika.
          Para rawuh ingkang kula hormati,
          Ingkang pungkasan mangga putra-putri kita sedaya, kita didik ingkang sahe lan kita arahaken dumateng perkaws ingkang sahe, supados mangke saged dados generasi-generasi penerus ingkang bertanggung jawab dateng kemajuan agama, bangsa, lan negara.
          Kintenipun cekap semanten atur saking kula. Mugi-mugi saged bermanfaat dumateng kita sedaya. Mbok bilih wonten klenta-klentunipun anggen kawula matur, kula tansah nyuwun agunging samudra pangarsami.
          Wusana atur,
          Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar